Jaman biyen ono bocah cilik sing yatim piatu deweke
wes yatim piatu soko
deweke lahir. Jenenge nora. Bocah cilik kui sake
banget, soale dewekke uwis ditinggal karo wong tuane, ditambah deweke radue
omah. Dadi dewekke urip e ono ing kolong jembatan. Omah e mung seko kerdus
cilik. Dewekke wae yen mangan ora mesthi, sok 2 dino ora mangan, malahan
seminggu yo sok ora mangan.
Ing sawijing dino, cah cilik mau ketemu karo
Ibu-ibu sing sugih banget. Nanging podo anggak. Nanging, ono 1 ibu sing ora
anggak. Jenenge ibu Ratri. Pas Ibu Ratri kui mau lewat ning ngarepe Nora, ibu
kui banjur ngajak nora ngomong “Nduk, koe kok mung lingguhan ning kono? Opo ora
sekolah dek?” nora banjur njawab “Mboten bu. Kulo mboten gadah artha kagem
sekolah bu.” Jare Nora. “hmm, opo koe radue ibu karo bapak?” Ibu kui takon
meneh. “Mboten bu, ibu lan bapak kula sampun seda bu.” Jare Nora. “Opo koe
gelem tak ragati nggo sekolah dek? Nek gelem koe yo oleh manggon karo aku kok
dek, Soale anak ibu yo uwis raono dek. Bojone Ibu yo uwis seda. Koe gelem ora?”
jare Ibu e mau. “Kula ajeng diangkat anak kalih ibu? Wah, kula seneng banget
niki bu. Amargi kula kepingin banget due ibu. Kula kersa bu.” Jare Nora. “Wah,
yen ngono ibu yo seneng banget dek. Akhire ibu iso nggolek gantine anak e ibu.
Nek gelem, koe saiki iso pindah menyang omahe ibu.” Jare Ibu e mau. “Nanging
bu, asma ne ibu sinten nggih?” Nora bingung. “oohh, jenengku Ibu Ratri dek.”
Jare Bu ratri. “ohh nggih bu, kula pindahipun mbenjang nggih, kula ajeng pamit
kaliyan rencang-rencang kula.” Jare Nora “O ya dek, ora popo.” Saut Bu Ratri.
Akhire Si Nora Mau pamit karo kanca2ne banjur siapsiap kanggo pindah ning omah
e Bu Ratri. Esuk e, Nora dipethuk karo Bu Ratri numpak mobil apik banget.
Banjur Bu Ratri ngomong “Ayo nduk, gek mlebu. Njuk awake dhewe mangkat menyang
omah e ibu” “nggih bu, sekedap, kula ajeng salaman riyen kalih kanca-kanca
kula.”Jare Nora. “Tim, aku lunga sik yo, ojo lali karo aku yo Tim.” Jare Nora
“aku ora bakal lali karo kowe Ra.” Jare Sitim. Banjur si Nora menyang ana ing
panggonan e Bu Ratri mau. Akhire Nora Iso Urip bahagia karo Bu Ratri.
Semoga bermanfaat ya :)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar